|
[Read the Four Spiritual Laws in Your Language ]
Sedaya prakawis ing donya punika winengku
lan kaereh ing pranatan
ingkang asipat kodrat. Mekaten ugi sesambetan kita kaliyan Allah winengku ing
pranatan rohani.
|
|
PRANATAN
ANGKA SEPISAN
ALLAH
TRESNA
DATENG PANJENENGAN, SARTA KAGUNGAN RANJCANGAN
TUMRAP GESANG PANJENENGAN.
|
(ayat2 ingkang kaserat ing buku alit punika prayoginipun kawaos saking Kitab
Suci).
KATRESNANIPUN ALLAH Awit dene Allah enggone
ngasihi marang jagad iku kongsi masrah-ake Yesus Kristus, supaya saben wong kang
pracaya, aja nemu karusakan, nanging nduweni urip langgeng (Yokanan 3:16).
RANCANGANIPUN ALLAH (Pangandikane
Yesus)! "Aku
iki tekaku supaya para wedhusku (umatku) pada duwea urip lan duwea kaluberan"
(Inggih punika gesang ingkang gadhah tujuan) -Yokanan 10:10b.
Kenging punapata dene
kathah sederek ingkang dereng nate
ngraosaknen gesang kaluberan wau?
|
|
PRANATAN ANGKA KALIH
MANUNGSA PUNIKA DOSA LAN PEDOT SESAMBETANIPUN KALlYAN
ALLAH, PRAMILA MANUNGSA MBOTEN SAGED MANGERTOS LAN NGALAMI SIH TUWIN
RANCANGANIPUN ALLAH TUMRAP GESANGIPUN. |
Allah punika suci, kosok wangsulipun manungsa punika
dosa. Senaosa mekaten,
manungsa tansah nyobi2 nggayuh Allah lan pados gesang ingkang tentrem punika wau
kanthi usahanipun piyambak, upaminipun mlebet agami, ulah ngelmu kebatosan,
tumindak sae lss, ananging mokal kelampahan amargi dosanipun.
MANUNGSA PUNIKA DOSA "Ujer wong
kabeh wus pada gawe dosa sarta koncatan kamulyaning Allah" (Rom 3:23). Dosa inggih punika
tumindak ingkang salah dhumateng Allah, ingkang dipun wujudaken kanthi tumindak
ingkang terang-terangan nglawan Allah utawi tumindak ingkang asipat masa bodho.
MANUNGSA PISAH SAKING ALLAH "Awit
opahan pawehe si dosa iku pati" (Rom 6:23). Pejah ateges manungsa pisah saking Allah
sacara rohani.
Manungsa punika ing sakawit katitahaken supados
gadhah sesambetan kaliyan
Allah. Nanging amargi saking wakoting manah, manungsa milih marginipun
piyambak,
ingkang murugaken sesambetanipun kaliyan Allah pedhot.
Pranatan angka tiga nedahaken margi kangge
ngadari
prekawis wau.
|
|
PRANATAN
ANGKA TIGA NAMUNG YESUS KRISTUS KEMAWON MARGINING KAWILUJENGAN
INGKANG PINESTI DENING ALLAH KANGGE NGAPUNTENI DOSA2 KITA. LUMANTAR GUSTI
YESUS SAMPEYAN SAGED MANGERTOS LAN NGALAMI SIH TUWIN RANCANGANIPUN ALLAH
TUMRAP GESANG SAMPEYAN. |

Gusti Allah sampun nyambet malih pepisahaning kita kaliyan Allah sarana
ngutus Kang Putra, Yesus Kristus, seda sinalib nggentosi kita.
YESUS SEDA NGGENTOSI SAMPEYAN Nanging Allah
enggone mratandani sihe marang kita, marga Kristus nglampahi seda krana kita
nalika isih pada dadi wong dosa (Rom 5:8).
NAMUNG YESUS MARGINIPUN (Pangandikane
Yesus): "Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong kang marek
marang Sang Rama menawa ora metu saka ing Aku" (Yokanan 14:6).
YESUS GESANG MALIH "Kristus wus nglampahi seda
krana dosa kita,... Ian kasarekake tuwin kawungokake ing telung dinane nyondongi
surasane Kitab. Apadene wus ngetingal marang Kefas, nuli marang para sakhabate
rolas. Sawuse mengkono ngetingal marang sadulur lanang luwih saka limang atus
bebarengan...." (I Kor. 15:3-6).
mBoten cekap kita namung mangertosi tigang pranatan
wau.
|
|
PRANATAN ANGKA SEKAWAN
KITA KEDAH NAMPENI YESUS KRISTUS DADOS JURUWILUJENG LAN
GUSTI KITA SACARA PRIBADI, MATEMAH KITA SAGED MANGERTOS LAN NGALAMI SIH
TUWIN RANCANGANIPUN ALLAH TUMRAP GESANG KITA.
|
KITA KEDAH NAMPENI KRISTUS "Nanging sepira
kang nampeni Panjenengane (Yesus Kristus), wus diparingi wewenang dadi para
putrane Allah, iya iku kang padha pracaya marang Asmane" (Yokanan 1:12).
KITA NAMPENI KRISTUS KANTI IMAN "Awit dene
enggonmu pada kapitulungan rahayu iku marga saka pracaya (marang Kristus) mangka
tuke ora saka ing kowe, iku peparingane Allah. Tuke ora saka ing ayahan, supaya
aja ana kang gumunggung" (Efesus 2:8,9).
NAMPENl KRISTUS SARANA NGATURI PANJENENGANIPUN LUMEBET ING
MANAH KITA SACARA PRIBADI (Pangandikane Yesus):"Lah Ingsun
jumeneng ana ing ngarep lawang sarta nothok-nothok menawa ana wong kang ngrungu
swaraningsun banjur ngengani lawang, Ingsun mbanjur lumebet.... " (Wahyu 3:20).
Ing Ngandhap Punika Gambar Gesangipun Manungsa Warni
Kalih:
|
GESANG KAEREH DIRI PRIBADI |
GESANG KAEREH KRISTUS |
|
|
- Diri pribadi ngatur gesang kita
- Gusti Yesus ing sajawining gesang
- Ulat/pasuryanipun suntrut/susah (sadaya pepenginan kaereh
diri pribadi matemah gesannipun susah)
|
|
- Gusti Yesus lenggah dampar, ngatur gesang kita
- Diri pribadi kaereh dening Yesus
- Ulat/pasuryanipun bingah (sadaya pepenginan keareh dening Allah
matemah gesanqipun bingah)
|
Gambar ingkang pundi nggambaraken gesang
sampeyan? Gambar pundi ingkang panjenengan kersakaken?
SAMANGKE SAMPEYAN SAGED NAMPENI KRISTUS SARANA
PANDONGA: (ndedonga inggih punika munjuk atur dateng Gusti)
Gusti Allah pirsa batos panjenengan, lan mboten gumantung
dateng tetembungan sampeyan. Ing ngandhap punika wonten conto pandonga.
"Gusti Yesus, kawula betah pitulungan
Paduka. Kawula ngengakaken korining
manah kawula lan nampeni Paduka dados Gusti lan Juruwiluleng kawula. Mugi gesang
kawula Paduka ereh lan Paduka dadosaken miturut ing kersa Paduka. Maturnuwun
Gusti, dene Paduka paring pangapunten dhumateng dosa-dosa kawula, lan rawuh ing manah
kawula."
Punapa pandonga punika mranani penggalih
panjenengan?
Menawi mekaten, sumangga kita ndedonga supados Kristus rawuh
ing gesang sampeyan setuju kaliyan prajanjinipun piyambak.
KADOS PUNDI PANJENENGAN MANGERTOS BILIH GUSTI YESUS SAMPUN RAWUH
ING GESANG PANJENENGAN Punapa sampeyan sampun ngaturi Gusti Yesus
rawuh ing manah sampeyan? Punapa saestu sampeyan jujur? Menawi makaten Gusti
Yesus wonten pundi sapunika? Gusti Yesus ngendika bilih Panjenenganipun bade
rawuh ing salebeting manah sampeyan. Punapa sampeyan pitados? Kados pundi
sampeyan saged mangertos bilih Gusti sampun rawuh ing manah sampeyan? (Miturut
ing prajanjinipun Piyambak).
MITURUT ING PRAJANJINIPUN GUSTI, SAMPEYAN SAPUNIKA KAPARINGAN
GESANG LANGGENG "Sapa kang pracaya marang Yesus Kristus, iku dadi
kadunungan paseksine ana ing batine. Sapa kang ora ngandel marang Allah, iku
dadine nganggep Panjenengane dora, amarga ora ngandel ing paseksi kang wus
dilahirake dening Allah bab ing atase Gusti Yesus. Ana dene kang dadi paseksine
iya iku yen kita iki wus pada kaparingan urip langgeng dening Allah, mangka urip
iku ana ing Yesus Kristus. Sapa kang nduweni Yesus Kristus, iku nduweni urip,
sapa kang ora nduweni Yesus Kristus, iku ora nduweni urip. Enggonku nulis
prakara iku mau marang kowe, kang pada pracaya marang Asmane Yesus Kristus,
supaya kowe pada sumurupa yen pada nduweni urip langgeng, lan supaya lestaria
pracayamu marang Asmane Yesus Kristus" (I Yokanan 5:10-13).
AMARGI SAMPEYAN SAMPUN NAMPENI KRISTUS,
KATHAH PRAKAWIS
INGKANG KALAMPAHAN (DIPUN ALAMI), KADOSTA GANGSAL PRAKAWIS ING NGANDAP PUNIKA.
| 1 |
Kristus sampun rawuh ing salebeting manah
sampeyan (Wahyu 3:20; Kol.
1:27). |
| 2 |
Dosa-dosa
sampeyan sampun kaapunten (Kol. 1 :14). |
| 3 |
Sampeyan sampun dados Putraning Allah
(Yokanan 1: 12). |
| 4 |
Sampeyan sampun miwiti
prakawis ingkang ageng sanget amargi saking
pakaryanipun Allah (Yokanan 10:10b; II Kor. 5:17;1 Tes. 5:18).
|
| 5 |
Sampeyan sampun kaparingan kuasaning Roh ingkang langkung ageng tinimbanq
kuasaning donya (I Yokanan 4:4).
|
KADOS PUNDI KITA SAGED NDEREK GUSTI YESUS KANTI MANTEP?
Sampeyan kula aturi nindakaken
prakawis-perkawis ing
ngandhap punika.
| 1 |
nDedonga dumateng Gusti saben dinten
(Yokanan 15:7). |
| 2 |
Maos Kitab Suci saben dinten wiwit Injil Yokanan (Para Rasul 17:11). |
| 3 |
nDerek dawuhing Gusti saben wekdal
(Yokanan 14:21). |
| 4 |
Nepangaken Gusti Yesus dateng tiyang sanes saben dinten (Mat. 4: 19;
Yokanan 15:8). |
| 5 |
Sedaya prakawis kita kedah nyuwun pimpinan saking
Gusti, senaosa prakawis2
sepele ( I Pet. 5: 7). |
| 6 |
Pangrehipun Roh Suci kedah dipun
turut, makaten ugi pangwasanipun Roh Suci, supados saged nepangaken Gusti Yesus
dhateng tiyang sanes (Gal. 5:16;
Para Rasul 1:18). |
PERLUNIPUN DHATENG GREJA
Kitab Ibrani 10:25 nyebataken bilih kita wajib kekempalan ing antawisipun
kita piyambak "aja padha ngedhake kumpulan kita dhewe". Ibaratipun kados dene
kajeng-kajeng ingkang kaobong saged ngedalaken urup ingkang ageng. Nanging
menawi salah satunggal kawedalaken lan pisah kaliyan kancanipun, matemah pejah
amargi kanginan. Makaten ugi kapitadosan kita. Pramila menawi sampeyan dereng
lumebet salah satunggiling greja, sumangga matur dhumateng Bapak Pendhita salah
satunggiIing greja ingkang celak sampeyan, ingkang tansah ngluhuraken Asmanipun
Kristus lan medharaken sabdanipun Kristus. Sumangga dipun wiwiti Minggu ngajeng
punika.
Menawi seratan punika migunani tumrap
panjenengan, sumangga kulo aturi nyariosaken malih dhateng sadherek sanes.
|
NYUWUN KAWIGATOSAN
Buku seri pasinaon Kitab suci lan waosarn sanes-sanesipun kangge
kemajenganing karohanen tuwin Paseksi bab Gusti Yesus Kristus, saged
panjenengan pundhut saking: Lembagá Pelayanan Mahasiswa Indonesia,
P. 0. Box. 4079 - Jakarta |
KAGEM SADHEREK INGKANG MBETAHAKEN KELAJENGANIPUN TUNTUNAN ROHANI
SACARA PRIBADI
Sok sintano kamawon
utawi paguyuban punapa kemawon ingkang kepingin nglantaraken katresnanipun Gusti, saged migunakaken
sarana punika, punapa dene ingkang kawangun dados buku alit.
Supados isining seratan punika mboten ngalami
ewah-ewahan, kasuwun dhateng sintena kemawon supados mboten "memproduksi" ing wangun punapa
kemawon, sae
sebagean sae sadaya isining Pawartos Kabingahan punika tanpa "ijin tertulis"
saking Lembaga Pelayanan Mahasiswa Indonesia.
|