Kangge Nggayuh Katentremaning Gesang Lan Kawilujenganing Nyawa

Sedaya prakawis ing donya punika winengku lan kaereh ing pranatan ingkang asipat kodrat. Mekaten ugi sesambetan kita kaliyan Allah winengku ing pranatan rohani.


1. PRANATAN ANGKA SEPISAN

ALLAH TRESNA DATENG PANJENENGAN, SARTA KAGUNGAN RANJCANGAN TUMRAP GESANG PANJENENGAN.

(ayat2 ingkang kaserat ing buku alit punika prayoginipun kawaos saking Kitab Suci).

KATRESNANIPUN ALLAH
Awit dene Allah enggone ngasihi marang jagad iku kongsi masrah-ake Yesus Kristus, supaya saben wong kang pracaya, aja nemu karusakan, nanging nduweni urip langgeng (Yokanan 3:16).

RANCANGANIPUN ALLAH
(Pangandikane Yesus)! "Aku iki tekaku supaya para wedhusku (umatku) pada duwea urip lan duwea kaluberan" (Inggih punika gesang ingkang gadhah tujuan) -Yokanan 10:10b.

Kenging punapata dene kathah sederek ingkang dereng nate ngraosaknen gesang kaluberan wau?

Amargi...


2. PRANATAN ANGKA KALIH

MANUNGSA PUNIKA DOSA LAN PEDOT SESAMBETANIPUN KALlYAN ALLAH, PRAMILA MANUNGSA MBOTEN SAGED MANGERTOS LAN NGALAMI SIH TUWIN RANCANGANIPUN ALLAH TUMRAP GESANGIPUN.

 

jav1

Allah punika suci, kosok wangsulipun manungsa punika dosa. Senaosa mekaten, manungsa tansah nyobi2 nggayuh Allah lan pados gesang ingkang tentrem punika wau kanthi usahanipun piyambak, upaminipun mlebet agami, ulah ngelmu kebatosan, tumindak sae lss, ananging mokal kelampahan amargi dosanipun.

MANUNGSA PUNIKA DOSA
"Ujer wong kabeh wus pada gawe dosa sarta koncatan kamulyaning Allah" (Rom 3:23). Dosa inggih punika tumindak ingkang salah dhumateng Allah, ingkang dipun wujudaken kanthi tumindak ingkang terang-terangan nglawan Allah utawi tumindak ingkang asipat masa bodho.

MANUNGSA PISAH SAKING ALLAH
"Awit opahan pawehe si dosa iku pati" (Rom 6:23). Pejah ateges manungsa pisah saking Allah sacara rohani.

Manungsa punika ing sakawit katitahaken supados gadhah sesambetan kaliyan Allah. Nanging amargi saking wakoting manah, manungsa milih marginipun piyambak, ingkang murugaken sesambetanipun kaliyan Allah pedhot.

Pranatan angka tiga nedahaken margi kangge ngadari prekawis wau.


3.PRANATAN ANGKA TIGA

NAMUNG YESUS KRISTUS KEMAWON MARGINING KAWILUJENGAN INGKANG PINESTI DENING ALLAH KANGGE NGAPUNTENI  DOSA2  KITA. LUMANTAR GUSTI  YESUS SAMPEYAN  SAGED MANGERTOS LAN NGALAMI  SIH TUWIN RANCANGANIPUN ALLAH TUMRAP GESANG SAMPEYAN.

jav2

Gusti Allah sampun nyambet malih pepisahaning kita kaliyan Allah sarana ngutus Kang Putra, Yesus Kristus, seda sinalib nggentosi kita.

YESUS SEDA NGGENTOSI SAMPEYAN
Nanging Allah enggone mratandani sihe marang kita, marga Kristus nglampahi seda krana kita nalika isih pada dadi wong dosa (Rom 5:8).

NAMUNG YESUS MARGINIPUN
(Pangandikane Yesus): "Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong kang marek marang Sang Rama menawa ora metu saka ing Aku" (Yokanan 14:6).

YESUS GESANG MALIH
"Kristus wus nglampahi seda krana dosa kita,... Ian kasarekake tuwin kawungokake ing telung dinane nyondongi surasane Kitab. Apadene wus ngetingal marang Kefas, nuli marang para sakhabate rolas. Sawuse mengkono ngetingal marang sadulur lanang luwih saka limang atus bebarengan...." (I Kor. 15:3-6).

mBoten cekap kita namung mangertosi tigang pranatan wau.


4.PRANATAN ANGKA SEKAWAN

KITA KEDAH NAMPENI YESUS KRISTUS DADOS JURUWILUJENG LAN GUSTI KITA SACARA PRIBADI, MATEMAH KITA SAGED MANGERTOS LAN NGALAMI SIH TUWIN RANCANGANIPUN ALLAH TUMRAP GESANG KITA.

KITA KEDAH NAMPENI KRISTUS
"Nanging sepira kang nampeni Panjenengane (Yesus Kristus), wus diparingi wewenang dadi para putrane Allah, iya iku kang padha pracaya marang Asmane" (Yokanan 1:12).

KITA NAMPENI KRISTUS KANTI IMAN
"Awit dene enggonmu pada kapitulungan rahayu iku marga saka pracaya (marang Kristus) mangka tuke ora saka ing kowe, iku peparingane Allah. Tuke ora saka ing ayahan, supaya aja ana kang gumunggung" (Efesus 2:8,9).

NAMPENl KRISTUS SARANA NGATURI PANJENENGANIPUN LUMEBET ING MANAH KITA SACARA PRIBADI
(Pangandikane Yesus):"Lah Ingsun jumeneng ana ing ngarep lawang sarta nothok-nothok menawa ana wong kang ngrungu swaraningsun banjur ngengani lawang, Ingsun mbanjur lumebet.... " (Wahyu 3:20).

Ing Ngandhap Punika Gambar Gesangipun Manungsa Warni Kalih:

GESANG KAEREH DIRI PRIBADI
 

GESANG KAEREH KRISTUS

 
jav3
  1. Diri pribadi ngatur gesang kita
  2. Gusti Yesus ing sajawining gesang
  3. Ulat/pasuryanipun suntrut/susah (sadaya pepenginan kaereh diri pribadi matemah gesannipun susah)
jav4
  1. Gusti Yesus lenggah dampar, ngatur gesang kita
  2. Diri pribadi kaereh dening Yesus
  3. Ulat/pasuryanipun bingah (sadaya pepenginan keareh dening Allah matemah gesanqipun bingah)

Gambar ingkang pundi nggambaraken gesang sampeyan?
Gambar pundi ingkang panjenengan kersakaken?


SAMANGKE SAMPEYAN SAGED NAMPENI KRISTUS SARANA PANDONGA:
(ndedonga inggih punika munjuk atur dateng Gusti)

Gusti Allah pirsa batos panjenengan, lan mboten gumantung dateng tetembungan sampeyan. Ing ngandhap punika wonten conto pandonga.

"Gusti Yesus, kawula betah pitulungan Paduka. Kawula ngengakaken korining manah kawula lan nampeni Paduka dados Gusti lan Juruwiluleng kawula. Mugi gesang kawula Paduka ereh lan Paduka dadosaken miturut ing kersa Paduka. Maturnuwun Gusti, dene Paduka paring pangapunten dhumateng dosa-dosa kawula, lan rawuh ing manah kawula."

Punapa pandonga punika mranani penggalih panjenengan?

Menawi mekaten, sumangga kita ndedonga supados Kristus rawuh ing gesang sampeyan setuju kaliyan prajanjinipun piyambak.


KADOS PUNDI PANJENENGAN MANGERTOS BILIH GUSTI YESUS SAMPUN RAWUH ING GESANG PANJENENGAN 
Punapa sampeyan sampun ngaturi Gusti Yesus rawuh ing manah sampeyan? Punapa saestu sampeyan jujur? Menawi makaten Gusti Yesus wonten pundi sapunika? Gusti Yesus ngendika bilih Panjenenganipun bade rawuh ing salebeting manah sampeyan. Punapa sampeyan pitados? Kados pundi sampeyan saged mangertos bilih Gusti sampun rawuh ing manah sampeyan? (Miturut ing prajanjinipun Piyambak).

MITURUT ING PRAJANJINIPUN GUSTI, SAMPEYAN SAPUNIKA KAPARINGAN GESANG LANGGENG
"Sapa kang pracaya marang Yesus Kristus, iku dadi kadunungan paseksine ana ing batine. Sapa kang ora ngandel marang Allah, iku dadine nganggep Panjenengane dora, amarga ora ngandel ing paseksi kang wus dilahirake dening Allah bab ing atase Gusti Yesus. Ana dene kang dadi paseksine iya iku yen kita iki wus pada kaparingan urip langgeng dening Allah, mangka urip iku ana ing Yesus Kristus. Sapa kang nduweni Yesus Kristus, iku nduweni urip, sapa kang ora nduweni Yesus Kristus, iku ora nduweni urip. Enggonku nulis prakara iku mau marang kowe, kang pada pracaya marang Asmane Yesus Kristus, supaya kowe pada sumurupa yen pada nduweni urip langgeng, lan supaya lestaria pracayamu marang Asmane Yesus Kristus" (I Yokanan 5:10-13).


AMARGI SAMPEYAN SAMPUN NAMPENI KRISTUS, KATHAH PRAKAWIS INGKANG KALAMPAHAN (DIPUN ALAMI), KADOSTA GANGSAL PRAKAWIS ING NGANDAP PUNIKA.

1
Kristus sampun rawuh ing salebeting manah sampeyan (Wahyu 3:20; Kol. 1:27).
2
Dosa-dosa sampeyan sampun kaapunten (Kol. 1 :14).
3
Sampeyan sampun dados Putraning Allah (Yokanan 1: 12).
4
Sampeyan sampun miwiti prakawis ingkang ageng sanget amargi saking pakaryanipun Allah (Yokanan 10:10b; II Kor. 5:17;1 Tes. 5:18).
5
Sampeyan sampun kaparingan kuasaning Roh ingkang langkung ageng tinimbanq kuasaning donya (I Yokanan 4:4).

KADOS PUNDI KITA SAGED NDEREK GUSTI YESUS KANTI MANTEP?

Sampeyan kula aturi nindakaken prakawis-perkawis ing ngandhap punika.

1
nDedonga dumateng Gusti saben dinten (Yokanan 15:7).
2
Maos Kitab Suci saben dinten wiwit Injil Yokanan (Para Rasul 17:11).
3
nDerek dawuhing Gusti saben wekdal (Yokanan 14:21).
4
Nepangaken Gusti Yesus dateng tiyang sanes saben dinten (Mat. 4: 19; Yokanan 15:8).
5
Sedaya prakawis kita kedah nyuwun pimpinan saking Gusti, senaosa prakawis2 sepele ( I Pet. 5: 7).
6
Pangrehipun Roh Suci kedah dipun turut, makaten ugi pangwasanipun Roh Suci, supados saged nepangaken Gusti Yesus dhateng tiyang sanes (Gal. 5:16; Para Rasul 1:18).

PERLUNIPUN DHATENG GREJA

Kitab Ibrani 10:25 nyebataken bilih kita wajib kekempalan ing antawisipun kita piyambak "aja padha ngedhake kumpulan kita dhewe". Ibaratipun kados dene kajeng-kajeng ingkang kaobong saged ngedalaken urup ingkang ageng. Nanging menawi salah satunggal kawedalaken lan pisah kaliyan kancanipun, matemah pejah amargi kanginan. Makaten ugi kapitadosan kita. Pramila menawi sampeyan dereng lumebet salah satunggiling greja, sumangga matur dhumateng Bapak Pendhita salah satunggiIing greja ingkang celak sampeyan, ingkang tansah ngluhuraken Asmanipun Kristus lan medharaken sabdanipun Kristus. Sumangga dipun wiwiti Minggu ngajeng punika.

Menawi seratan punika migunani tumrap panjenengan, sumangga kulo aturi nyariosaken malih dhateng sadherek sanes.


KAGEM SADHEREK INGKANG MBETAHAKEN
KELAJENGANIPUN TUNTUNAN ROHANI SACARA PRIBADI

Sok sintano kamawon utawi paguyuban punapa kemawon ingkang kepingin nglantaraken katresnanipun Gusti, saged migunakaken sarana punika, punapa dene ingkang kawangun dados buku alit.

Supados isining seratan punika mboten ngalami ewah-ewahan, kasuwun dhateng sintena kemawon supados mboten "memproduksi" ing wangun punapa kemawon, sae sebagean sae sadaya isining Pawartos Kabingahan punika tanpa "ijin tertulis" saking Lembaga Pelayanan Mahasiswa Indonesia


ADDITIONAL ASSISTANCE