PUNAPA SAMPEYAN SAMPUN MIRENG
SEKAWAN PRANATAN ROHANI?

PAWARTOS KABINGAHAN

Kangge Nggayuh
Katentremaning Gesang Lan Kawilulenganing Nyawa

[Read the Four Spiritual Laws in Your Language ]


Sedaya prakawis ing donya punika winengku ian keereh ing pranatan ingkang asipat kodrat. Mekaten ugi sesambetan kita kaliyan Allah winengku ing pranatan rohani.

PRANATAN ANGKA SEPISAN

ALLAH TRESNA DATENG SAMPEYAN, SARTA KAGUNGAN RANCANGAN TUMRAP GESANG SAMPEYAN.

(ayat2 ingkang kaserat ing buku alit punika prayoginipun kawaos saking Kitab Suci).

KATRESNANIPUN ALLAH
Awit dene Allah enggone ngasihi marang jagad iku kongsi masrah-ake Yesus Kristus, supaya saben wong kang pracaya, aja nemu karusakan, nanging nduweni urip langgeng (Yokanan 3:16).

RANCANGANIPUN ALLAH
(Pangandikane Yesus)! "Aku iki tekaku supaya para wedusku (umatku) pada duwea urip lan duwea kaluberan" (Inggih punika gesang ingkang gadah tujuani) -Yokanan 10:10b.

Kenging punapata dene katah sederek ingkang
dereng nate ngraosaknen gesang kaluberan wau?


Amargi...

PRANATAN ANGKA KALIH

MANUNGSA PUNIKA DOSA LAN PEDOT SESAMBETANIPUN KALlYAN ALLAH, PRAMILA MANUNGSA MBOTEN SAGED MANGERTOS LAN NGALAMI SIH TUWIN RANCANGANIPUN ALLAH TUMRAP GESANGIPUN.

Allah punika suci, kosok wangsulipun manungsa punika dosa. Senaosa mekaten, manungsa tansah nyobi2 nggayuh Allah lan pados gesang ingkang tentrem punika wau kanti usahanipun piyambak, upaminipun mlebet agami, ulah ngelmu kebatosan, tumindak sae Iss, ananging mokal kelampahan amargi dosanipun.

MANUNGSA PUNIKA DOSA
"Ujer wong kabeh wus pada gawe dosa lan pada koncatan kamulyane Allah" (Rom 3:23). Dosa inggih punika tumindak ingkang salah dumateng Allah, ingkang dipun wujudaken kanti tumindak ingkang terang2an nglawan Allah utawi tumindak ingkang asipat masa bodo.

MANUNGSA PISAH SAKING ALLAH
"Awit opahan pawehe si dosa iku pati" (Rom 6:23). Pejah ateges manungsa pisah saking Allah sacara rohani.

Manungsa punika ing sakawit katitahaken supados gadah sesambetan kaliyan Allah. Nanging amargi saking wakoting manah, manungsa milih marginipun piyambak, ingkang murugaken sesambetanipun kaliyan Allah pedot.

Pranatan angka tiga nedahaken margi kangge
ngadari prekawis wau.


PRANATAN ANGKA TlGA

NAMUNG YESUS KRISTUS KEMAWON MARGINING KAWILUJENGAN INGKANG PINESTI DENING ALLAH KANGGE NGAPUNTENI DOSA2 KITA. LUMANTAR GUSTI YESUS SAMPEYAN SAGED MANGERTOS LAN NGALAMI SIH TUWIN RANCANGANIPUN ALLAH TUMRAP GESANG SAMPEYAN.

Gusti Allah sampun nyambet malih pepisahaning kita kaliyan Allah sarana ngutus Kang Putra, Yesus Kristus, seda sinalib nggentosi kita.

YESUS SEDA NGGENTOSI SAMPEYAN
Nanging Allah enggone mratandani sihe marang kita, marga Kristus nglampahi seda krana kita nalika isih pada dadi wong dosa (Rom 5:8).

NAMUNG YESUS MARGINIPUN
(Pangandikane Yesus): "Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong kang marek marang Sang Rama menawa ora metu saka ing Aku" (Yokanan 14:6).

YESUS GESANG MALIH
"Kristus wus nglampahi seda krana dosa kita,... Ian kasarekake tuwin kawungokake ing telung dinane nyondongi surasane Kitab. Apadene wus ngetingal marang Kefas, nuli marang para sakhabate rolas. Sawuse mengkono ngetingal marang sadulur lanang luwih saka limang atus bebarengan...." (I Kor. 15:3-6).

mBoten cekap kita namung mangertosi tigang pranatan wau.


PRANATAN ANGKA SE KAWAN

KITA KEDAH NAMPENI YESUS KRISTUS DADOS JURUWILUJENG LAN GUSTI KITA SACARA PRIBADI, MATEMAH KITA SAGED MANGERTOS LAN NGALAMI SIH TUWIN RANCANGANIPUN ALLAH TUMRAP GESANG KITA.

KITA KEDAH NAMPENI KRISTUS
"Nanging sepira kang nampeni Panjenengane (Yesus Kristus), wus diparingi wewenang dadi para putrane Allah, iya iku kang pada pracava marang Asmane" (Yokanan 1:12).

KITA NAMPENI KRISTUS KANTI IMAN
"Awit dene enggonmu pada kapitulungan rahayu iku marga saka pracaya (marang Kristus) mangka tuke ora saka ing kowe, iku peparingane Allah. Tuke ora saka ing ayahan, supaya aja ana kang gumunggung" (Efesus 2:8,9).

NAMPENl KRISTUS SARANA NGATURI PANJENENGANIPUN LUMEBET ING MANAH KITA SACARA PRIBADI
(Pangandikane Yesus):"Lah Ingsun jumeneng ana ing ngarep lawang sarta notok2 menawa ana wong kang ngrungu swaraningsun banjur ngengani lawang, Ingsun mbanjur lumebet.... " (Wahyu 3:20).

Ienn Nganadap Punika Gambar Gesangipun Manungsa Warni Kalih:

GESANG KAEREH DIRI PRIBADI

GESANG KAEREH KRISTUS

  1. Diri pribadi ngatur gesang kita
  2. Gusti Yesus ing sajawining gesang
  3. Ulat/pasuryanipun suntrut/susah (sadaya pepenginan kaereh diri pribadi matemah gesannipun susah)
  1. Gusti Yesus ienggah dampar, ngatur gesang kita
  2. Diri pribadi kaereh dening Yesus
  3. Ulat/pasuryanipun bingah (sadaya pepenginan keareh dening Allah matemah gesanqipun bingah)

Gambar ingkang pundi nggambaraken gesang sampeyan?
Gambar pundi ingkang sampeyan kersakaken?


SAMANGKE SAMPEYAN SAGED NAMPENI KRISTUS SARANA PANDONGA:
(ndedonga inggih punika munjuk atur dateng Gusti)

Gusti Allah pirsa batos sampeyan, lan mboten gumantung dateng tetembungan sampevan. Ing ngandap punika wonten conto pandonga.

"Gusti Yesus, kawula betah pitulungan Paduka. Kawula ngengakaken korining manah kawula lan nampeni Paduka dados Gusti lan Juruwiluleng kawula. Mugi gesang kawula Paduka ereh lan Paduka dadosaken miturut ing kersa Paduka. Maturnuwun Gusti, dene paduka ngapunteni dosa2 kawula, lan rawuh ing manah kawula."

Punapa pandonga punika mranani penggalih sampeyan?

Menawi mekaten, sumangga kita ndedonga supados Kristus rawuh inggesang sampeyan setuju kaliyan prajanjinipun piyambak.


KADOS PUNDI SAMPEYAN MANGERTOS BILIH GUSTI YESUS SAMPUN RAWUH ING GESANG SAMPEYAN
Punapa sampeyan sampun ngaturi Gusti Yesus rawuh ing manah sampeyan? Punapa saestu sampeyan jujur? Menawi makaten Gusti Yesus wonten pundi sapunika? Gusti Yesus ngendika bilih Panjenenganipun bade rawuh ing salebeting manah sampeyan. Punapa sampeyan pitados? Kados pundi sampeyan saged mangertos bilih Gusti sampun rawuh ing manah sampeyan? (Miturut ing prajanjinipun Piyambak).

MITURUT ING PRAJANJINIPUN GUSTI, SAMPEYAN SAPUNIKA KAPARINGAN GESANG LANGGENG
"Sapa kang pracaya marang Yesus Kristus, iku dadi kadunungan paseksine ana ing batine. Sapa kang ora ngandel marang Allah, iku dadine ndorakake ing Panjenengane, amarga ora ngandel ing paseksi kang wus dilahirake dening Allah bab ing atase Gusti Yesus. Ana dene kang dadi paseksine iya iku yen kita iki wus pada kaparingan urip langgeng dening Allah, mangka urip iku ana ing Yesus Kristus. Sapa kang nduweni Yesus Kristus, iku nduweni urip, sapa kang ora nduweni Yesus Kristus, iku ora nduweni urip. Enggonku nulis prakara iku mau marang kowe, kang pada pracaya marang Asmane Yesus Kristus, supaya kowe pada sumurupa yen pada nduweni urip langgeng, lan supaya lestaria pracayamu marang Asmane Yesus Kristus" (I Yokanan 5:10-13).


AMARGI SAMPEYAN SAMPUN NAMPENI KRISTUS, KATAH PRAKAWIS INGKANG KALAMPAHAN (DIPUN ALAMI) KADOSTA GANGSAL PRAKAWIS ING NGANDAP PUNIKA.

  1. Kristus sampun rawuh ing salebeting manah sampeyan (Wahyu 3:20; Kol. 1:27).
  2. Dosa2 sampeyan sampun kaapunten (Kol. 1 :14).
  3. Sampeyan sampun dados Putraning Allah (Yokanan 1: 12).
  4. Sampeyan sampun miwiti prekawis ingkang ageng sanget amargi saking pakaryanipun Allah (Yokanan 10:10b; II Kor. 5:17;1 Tes. 5:18).
  5. Sampeyan sampun kaparingan kuasaning Roh ingkang langkung ageng tinimbanq kuasaning donya (I Yokanan 4:4).


KADOS PUNDI KITA SAGED NDEREK GUSTI YESUS KANTI MANTEP

Sampeyan kula aturi nindakaken prakawis2 ing ngandap punika.

  1. nDedonga dumateng Gusti saben dinten (Yokanan 15:7).
  2. Maos Kitab Suci saben dinten wiwit Injil Yokanan (Para Rasul 17:11).
  3. nDerek dawuhing Gusti saben wekdal (Yokanan 14:21).
  4. Nepangaken Gusti Yesus dateng tiyang sanes saben dinten (Mat. 4: 19; Yokanan 15:8).
  5. Sedaya prakawis kita kedah nyuwun pimpinan saking Gusti, senaosa prakawis2 sepele ( I Pet. 5: 7).
  6. Pangrehipun Roh Suci kedah dipun turut, makaten ugi pangwasanipun Roh Suci, supados saged nepangaken Gusti Yesus dateng tlyang sanes (Gal. 5:16; Para Rasul 1:18).


PERLUNIPUN DHATENG GREJA

Kitab Ibrani 10:25 nyebataken bilih kita wajib kekempalan ing antawisipun kita piyambak "aja padha ngedhagake kumpulan kita dhewe". Ibaratipun kados dene kajeng-kajeng ingkang kaobong saged ngedalaken urup ingkang ageng. Nanging menawi salah satunggal kawedalaken lan pisah kaliyan kancanipun, matemah pejah amargi kanginan. Makaten ugi kapitadosan kita. Pramila menawi sampeyan dereng lumebet salah satunggiling greja, sumangga matur dumateng Bapak Pendhita salah satunggiIing greja ingkang celak sampeyan, ingkang tansah ngluhuraken Asmanipun Kristus lan medharaken sabdanipun Kristus. Sumangga dipun wiwiti minggu ngajeng punika.

Menawi buku alit punika migunani tumrap panjenengan, sumangga kulo aturi maosaken malih dhateng sadherek sanes.

NYUWUN KAWIGATOSAN

Buku seri pasinaon Kitab suci lan waosarn sanes-sanesipun kangge kemajenganing karohanen tuwin Paseksi bab Gusti Yesus Kristus, saged sampeyan pundhut saking: Lembag� Pelayanan Mahasiswa Indonesia,

P. 0. Box. 4079 - Jakarta

KAGEM SADHEREK INGKANG MBETAHAKEN
KELAJENGANIPUN TUNTUNAN ROHANI SACARA PRIBADI

(Karsaa ngis; ing ngandhap punika supados wanci pepanggihan saged kaenget)

Buku alit Pawartos Kabingahan punika sarmpun kasebaraken ing salumahing bumi ngengge warni-warni basa langkung saking 100.000.000 buku. Sok sintano kamawon utawi paguyuban punapa kemawon ingkang kepingin nglan. taraken.katresnanipun Gusti, saged migunakaken buku alit punika. Sinten Ingkang ngersaken saged nyerat namanipun utawi paguyubanipun ing pangqenan ingkang sampun kasediaakan ing ngandap punika.

Supados isining buku abt punika mboten ngalami ewah-ewahan, kasawun da teng sinteno kemawon supados mboten "memproduksi" ing wangun punapa kemawon, sae sabagean sae sadaya isining Pawartos Kabingahan punika tanpa "ijin tertulis" saking Lembaga Pelayanan Mahasiswa Indonesia.


The Four Spiritual Laws was written by Dr. Bill Bright
© 1965,1995 Campus Crusade for Christ. All Rights Reserved
Internet version, including graphics, copyright © 1997 by Campus Crusade for Christ International.
All Rights Reserved.
Questions and Comments are always welcome!
http://www.4laws.com/laws/javanese/